Postingan

Menampilkan postingan dengan label esai jawa

Carane Ninthingi Swara Jejeg Lan Miring Ing Basa Jawa

Gambar
Basa jawa yen diunikna akeh sing ora padha karo tulisan aksarane. Ana aksara sing nalika diunikna unine seje utawa bedha karo aksara tulise. Tuladhane swara 'i' sing ditulis ana tembung Pitik. Aksara 'i' sing mburi dunikna kaya swara 'e'. Iki sing diarani swara miring. Piye sing diarani 'i' jejeg? Tuladhane kaya swara 'i' sing katulis ana tembung 'Mili'. Sakbenere babagan swara jejeg lan miring iki  mung wong jawa sing bisa ngrasakna merga sakbindinane ngomong jawa. Kanggo sing ora wong jawa radak kangelan merga ora kulina krungu basa jawa. Wong sing ora bendina krungu basa jawa tuladhane wong Sunda mesthi kangelan ngunikna tembuk Pitik kaya dene wong jawa ngunekna tembung kuwi. Ing basa jawa pancen rada angel tata tulise. Lha wong jawa dhewe kdhang kala isih akeh sing kleru. Pitik asring katulis PITEK, ning sejatine kuwi kleru. Apa ya asring katulis opo, padalan OPO kuwi kleru tata tulise merga yen diunikna aksara 'O' kaya muni O...

Nanggap Kentrung

Gambar
Biyen nalikane aku isih cilik asring ana tanggapan kentrung ing desaku. Wujude seni kentrung kuwi mung si dhalang kentrung nyritakake crita jaman kawuri, Biyasane ing desaku Paciran, lamongan Jawa Timur sing dicritakna yaiku lakon sunan utawa walisongo yen ora ngono ya nyritakna sesepuh desa. Alat musike sing digawe ngiringi kentrung biyasane rupa kendang utawa terbang, kendhang sing ana icik-icike. Sajerone nyritakna mau kendhang ditabuh kanthi irama sing runtut padha karo critane. Yen critane radak seru nabuhi ya melu nganclak. Jenenge wae seje desa mawa crita, Seni kentrung ya bedha carane lan isine crita. Wulan wingi aku nggelok tanggapan ing halaman Griya Ndalem Sunan Drajat, kentrung saka Nglegok Blitar, critane crita panji sing dicritaake yaiku Dewi Sekardadu lan Panji Asmarabangun. Crita panji rumaket ing sisih kidul Jawa, Blitar, kediri lan sakiringe. Mula kentrung Mbah sari krasa luwes nyritaake crita mau. Beda maneh yen kentrung Lamongan critane ora adoh saka c...

Gesaon Maca Yen Wegah Nulis

Gambar
Aku yen nulis iki rog rog asem jare wong jawa. Kadhang ya nyrempeng kadhang yo mbeler. Yen lagi nyrempeng sakanane kahanan bisa dadi gurit, kadhang ya cerkak, kadhang ya esai jawa. tapi yen lagi mbeler maca wae wegahe poll. Tapi yen mbeler, senajan wegah macaku tak peksa gayeng. carane, golek buku koleksiku sing nyenengna. Dhasarane bukuku akeh ya aku bisa milah milih sing takanggep nyenengke. Biyasane aku maca buku biografi utawa puisi sing taksenengi takbaleni maneh. Biyasane sing takwaca, gurit karo puisi koleksi saka macem macem antologi sing wis nguncara. Bar ngono taktintingi baka siji bedhane sing iki karo sing kae. Banjur maca gancaran utawa prosa yen cerkak tak waca ngarep karo mburine. Kok rada aneh, tak waca jangkep wutuh.  Yen novel tak buka asal angger wae, utamane pas buka tiba dialog-dialog, yen dialoge rada mranani tak waca narasi sakdurunge dialog lan sakwise dialog. Yen isih mranani tak waca jangkep wutuh seminggu entek biyasane.  Sakbubare kabeh ...

Sastra Jawa Isih Ana

Gambar
Dunyane sastra jawa saiki tansah ngrembaka. Akeh kempalan utawa komunitas sastra jawa sing lagi gumregah. Ana ing medhia sosial saiki akeh ketok grup grup sastra jawa. Iki mratandani yen sastra jawa isih ana. Mburi-mburi iki ing ulan Oktober komunitas Sastra Jawa Triwida ngadani sayembara sastra jawa sing pesertae ya ora saithik. Jumbuh karo sing biyasa dilakoni saben taun saka jawa kulon yaiku Yayasan Rancage ya menehi pangalembana marang para sastrawan jawa.  Ana maneh sing ora bisa dilirwakake yaiku kalawarti basa jawa sing tansah setya nampa seratan saka para kadhang sutresna sastra jawa. Majalah Panyebar semangat, Djaka lodhang, lan Jaya Baya uga dadi ajang adu keprigelan para sutresna sastra jawa ing babagan tulis tinulis. Sakliyane telu majalah mau uga ana majalah-majalah sing diadani karo dinas dinas kabudhayaan ing Jawa Timur, Jawa Tengah lan Yogyakarta.  Gunggunge maneh ana kalawarti basa jawa sing modhele kaya majalah Horison. Majalah sing nengenake isin...

Ora Usah Isin Ngomong Jawa

Gambar
  Basa Jawa taksih pigunaaken ing sindenging bebrayan nganthi tekan seprene. khususipun wonten ing tlatah Jawa wetan, Jawa Tengah, lan Ngayogyakarta.   Iki amarga panggunae sing ana telong laladan mau   tansah satya migunaake basa jawa dados pengantar resmi senajan jejeran karo basa Indonesia. Negesi asiling Kongres Bahasa Jawa (KBJ) VII sing diadani tanggal 28-30 November kala wingi, miturut, Prof. Dr. George Quinn saka Australia National University (ANU), Basa Jawa bisa mati yen kabeh pawongan sing sakbendinane nggawe basa jawa ana sesrawungan   malah asring migunaake Basa Indonesia.   Iki nyebabake wong manca wis rumangsa ora perlu nyinauni Basa Jawa maneh merga wis cukup sinau Basa Indonesia bisa dienggo komunikasi ana negara Indonesia merga kabeh wong jawa bisa nggunaake Basa Indonesia. Apa sing dikandhaake George Quin mau isa dadi pepeling kita sedaya, yen kita duwe pangajab saged nglindhungi, ngembangna, lan mbina Basa Jawa kudune basa jawa aja nganth...

Gula Jawa Apa Gula Abang

Gambar
Aku rada penasaran kenek apa gula abang saka Cematan utawa wit ental iku diarani gula jawa. Pancen nang ndesaku gula abang iku nyebute ya gula jawa. Jare Mat Klobot, sing tau dolan nang Bawean tibake ning kana ya ana gula abang. Tapi wong kana ning ngarani ora gula jawa. Aku kok njur mikir dhewe kenek apa kok ning kene ya ning jawa iki gula iku mau sinebut gula jawa. Apa merga wernane kaya werna kulite wong jawa. Karuwan sing gula pasir diarani ngono merga wujude kaya wedhi utawa pasir. Maneh, gula pasir ya digawe teka tebu sing ditandhur ana ing jawa. Tur ya pabrike ya ana ing tlatah jawa nanging kenek apa kok ora diarani gula jawa.  Apa merga gula jawa iku digawe kanti cara tradhisional dadi diarani gula jawa. Jawa lak asring dianggep ndesa lan ora modhern dadine gula abang saka wit ental kuwi mau diarani gula jawa.  Kadhangkala aku ya duwe angen-angen lho Koes Plus kok hya nyebut gula jawa ana syair lagune. Apa pamaos ora kelingan tembang iki, Gula jawa rasane l...

Urip Ora Mung Ngena ngene

Gambar
Senajan urip iku mung ngena ngene  jare sing nglakoni, nanging jare sing nyawang uripmu  iku kebak beja, penak, lan prasaja. Ngandel apa ora? Urip pancen mung sawang-sinawang. Kanggo sing nglakoni, uripe kaya dirasakna ora kepenak lan sarwa kurang. Sejatine, yen wong urip iku eling, wong liya akeh sing kepingin uripe kaya dheweke. Kaya kaya, ning pamawase wong liya uripe dhewe iki kebak beja. Mula, sing apik iku ngakehna sukur marang gusti. Sakbenere rahmat sing kita sedaya tampa iki wis luwih luwih nanging napsu sing kemrungsung marakake lali ning ati. Wis sehat lan sarwa cukup, ndadak nggladrah pingin rena-rena. Ati sing kemrungsung iku pancen sering nyasarake pawongan sing atine ngrasa saya kakurangan. Apa sing wis didiweni kaya ora ana ajine. Melik karo tangga teparo sing asline ora cocog karo uripe.  Ati sing sirik, rusuh lan meri karo liyane kaya ngombe banyu segara. Ora ilang ngoronge malah tambah ngaru ara. Ayo ngakehna sukur marang gusti nen urip pras...

Presiden Anyar

Gambar
Tanggal 20 Oktober 2024 kepungkur, presiden wis ganti anyar yaiku Prabowo Subiyanto lan wakile Gibran Rakabuming. Kaya padatan, yen Presiden anyar mesthi kabeh wong ngenteni owah-owahan apa sing arep diadani karo Pak Presiden. Presiden Prabowo sing asale saka militer utawa tentara iki krasa bakal luwih teges nalika ngendalikna pamerintahan kabukti saka nindakake gladhen kabinet anyar ana ing komplek Akademi Militer Magelang. Jare iki dilakoni ben jiwa korsae para menterine tuwuh. Sakliyane iku, kanggo wong sipil, gladhen nang Akmil iki ben disipline saya nambah. Muga muga pa sing dikarepake presiden jumbuh karo kekarepane masarakat Indonesia padha umume. Sasuwine sepuluh tahun dipimpin Presiden Jokowi kayake masarakat pengin Prabowo nggawa owah-owahan sing signifikan. Babagan pendhidhikan, ekonomi lan pertahanan keamanan isih dadi isyu sing banget wigatine. Pendhidhikan sing saya larang muga muga ana era Prabowo iki bakal ana owah-owahan amrih luwih murah sahingga kabeh entuk kasempata...

Kudu Kulina

Gambar
Sakjane aku mung nulis kaya sing sabendinane takomongna. Ora ana cara kusus sing takgawe. Aku kerep ditakoni tanggaku, "kok isa nulis basa jawa ngunuku sinau ning endi?" "Lho aku karo awakmu lak sakbendina ngomonge basa jawa, ta," kandhaku entheng. Pacelathon kaya ing nduwur mesthi asring kedaden marang pengarang basa jawa. Lha aku yen nulis basa jawa pancen ya dhasare saka omonganku terus taktulis ngono ae. Ora mikir baku orane angger takwaca maneh krasa lancar ya wis ngono ae takjarno ae ora takubah maneh. Mbok menawa ae, kanggo wong kidulan sing basane sarwa baku merga pancen basa jawa baku yen taksawang sawang kok kaya akeh tembung basane sisih kidul, basa jawa sing taktulis krasa rada piye ngono. Tapi aku ora kuwatir utawa uwas merga iku. Kanggoku angger ukara sing taktulis basane isa dimangerteni, senajan ana tembung khas dhaerah, aku nyantai wae merga mesthi ana ae sing maca. Ning ya ngono, pas nulis kok rada mamang merga kentekan tembung aku ya m...

Basa Jawa meh Sirna

Gambar
Basa jawa wis arang digawe karo warga ing desa desa. Saben omah sing takkrungoni mung basa indonesia. Yen tak rasakna, apa wong wong kae wis isin nggawe basa dhaerah, apa merga pingin dianggep dadi wong kutha. Rumangsaku, wong kanoman kuwi ya asli wong jawa. Lair lan gedhe nik desa nanging ngapa kok njur nglirwaake basa jawa. Yen lagi ngudang anake ngomonge ya basa indonesia. Aku krungu kok wagu ning kuping. Becike pas ngudang anake lak ya nganggo basa jawa kareben anake nganggep yen basa ibune basa jawa. Nik kabeh wis ora nganggo basa jawa apa basa jawa wis ora kena dianggep basa ibu maneh. Pancen miturut perkembangan zaman saiki basa nasional kudu bisa dadi srana kominikasi sing resmi. Nanging yen ning ngomah apa ya kudu basa indonesia. Lha ning desa tangga teparo ya sanake dhewe kok akeh sing latah yen ngomong katik nggawe basa indo barang.  Pancen prayogane yen nang omah kudu nganggo basa jawa. Masiya ngoko ya ora papa. Sakmlakune dina mengko ya ditambahi sinau ungg...