Kudu Kulina

Sakjane aku mung nulis kaya sing sabendinane takomongna. Ora ana cara kusus sing takgawe. Aku kerep ditakoni tanggaku, "kok isa nulis basa jawa ngunuku sinau ning endi?"
"Lho aku karo awakmu lak sakbendina ngomonge basa jawa, ta," kandhaku entheng.

Pacelathon kaya ing nduwur mesthi asring kedaden marang pengarang basa jawa. Lha aku yen nulis basa jawa pancen ya dhasare saka omonganku terus taktulis ngono ae. Ora mikir baku orane angger takwaca maneh krasa lancar ya wis ngono ae takjarno ae ora takubah maneh.

Mbok menawa ae, kanggo wong kidulan sing basane sarwa baku merga pancen basa jawa baku yen taksawang sawang kok kaya akeh tembung basane sisih kidul, basa jawa sing taktulis krasa rada piye ngono. Tapi aku ora kuwatir utawa uwas merga iku. Kanggoku angger ukara sing taktulis basane isa dimangerteni, senajan ana tembung khas dhaerah, aku nyantai wae merga mesthi ana ae sing maca.

Ning ya ngono, pas nulis kok rada mamang merga kentekan tembung aku ya mbukak bausastra. Lho pancen sangune pengarang ya bausastra nik ora ngono ya mampet. wis ngene ae...

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Ruwahan Lan Peresmian Galeri Sunan Sendang

AAI Jatim periode 2025-2028 Dikukuhna

Kospela Ngajak Ngendani Krisis Lingkungan Srana Lukisan