Kospela Ngajak Ngendani Krisis Lingkungan Srana Lukisan
Pirang-pirang pelukis sing kagabung ing Komunitas Pelukis Lamongan (Kospela) ngadani Pameran lukisan knthi tema “ Ekologis Lamongan Megilan”. Pameran sing manggon ana Gedhung Korpri Lamongan iki uga ngundang pelukis saka njaba Lamongan sing antarane, I Ketut Gede Susila Widiastra saka Bali, Harun Saka Malang, Supriyanto saka Sidoarja, Totok Koi saka Semarang, Muchlis Zahidy Tuban, Oches Sumatri saka Madura lan Joko Priono Jombang. Pameran sing diadani wiwit tanggal 21 nganti tekan tanggal 27 januari 2026 iki uga diisi adicara liya-liyane yaiku, lelumban lukis tingkat SD-SMP,Sarasehan lan nglukis on the spot , lan diskusi ngenani Senirupa Ekologis Lamongan. Salah siji pelukis sing duwe ciri khas nganggo teknik drawing utawa gambar poltlot, Kris Dologh, majang gambare sing nrenyuhake ati kanthi gambar alas sing gundul kebak oyot wit sing ketugel lan pang-pang pating gletak kaya wis ora ana panguripan maneh. Sing marahi seneng, Salah si...