Mahasiswa Magang Ngarsip ing Lamongan
Akehe bocah enem saka pawiyatan luhur UIN Surabaya lagi baut magang ing Dinas Kearsipan lan Perpustakaan Daerah Kabupaten Lamongan. Mahasiswa iku mau saka maneka warna jurusan, ana jurusan sejarah, lan bahasa. Kagiyatan iki suwene patang ulan wiwit ulan Pebruari taun 2026. Bocah lanang papat lan wadon loro iki pancen ngalaksanake magang merga saiki ing pawiyatan luhur ngewajibna yen wayah preinan ngene iki kudu magang ben ngerti kahanane kasunyatan kerja. Ing Arpusda kabeh mahasiswa iki diwenehi kaweruhan babagan ngolah arsip piye supaya dadi informasi sing duweni kagunaan marang wong akeh. Sawijining pakaryan sing diayahi yaiku nata foto, merinci lan nulis deskripsi. Foto sing wis dideskripsi mau banjir dialihmediaake dadi file digital lan disimpen ana komputer. Sakbanjure file digital mau diunggah ana website ing pranala jikn.go.id. Sakliyane iku para mahasiswa mau ya diwenehi pangerten jinising barang apa wae sing kalebu arsip merga ora kabeh dokumen isa dianggep ar...