Postingan

Menampilkan postingan dengan label Perpustakaan Lamongan.

Bupati Lamongan Nyumbang Buku Lan Sambang Depo Arsip Lamongan

Gambar
Dina iki mau Selasa 3/2/26 Arpusda kaya ketiban ndaru merga Depo Arsipe didolani dening Bupati Lamongan, Yuhronur Efendi. Depo Arsip sing saiki wayah udan ngene iki mesthi ndadekna Bupati Lamongan kepikiran. Piye ora kepikiran wong Lamongan iku gampang kebanjiran. Mulakna sore iki mau panjenengane teka nang depo arsip sing mapan ana ngarepe GOR Lamongan saperlu niliki yen arsipe isih aman kabeh. Ora mung iku, sakdurunge nang depo jajaran pejabat Arpusda ngadhep nang ruang kerja bupati saperlu nglaporake indeks minat baca lan saweneh kagiyatan perpustakaan sing arep ditindakake mene yen wayah pekan literasi.  Tibake ya jumbuh karo kekarepane bupati yen perpus kudu aktif majukna minat baca lan uga menehi kaweruh yen maca buku iku akeh mumpangate.  Sabubare wawan rembug karo Kepala Dinas Arpusda tibake, Yuhronur Efendi krenteg pengin weruh kahanane depo arsip apa isih layak apa perlu ditingkatake maneh. Miturut pamawase arsiparis kudune lantain...