Musnahna Arsip Ora Oleh Sakkepenake
Arsip iku barang penting sing kudu diramut kanthi setiti. Ora oleh grusa-grusu nalikane wiwit digawe nganti tekane arsip mau arep dimusnahna. Iku kabeh merga Arsip ngandhut kawruh sing usa mbuktikake kagiyatane organisasi. Tanggal 26 Februari 2026 dina Kemis wingi Kundha Perumahan lan Kawasan Permukiman Kabupaten Lamongan ngadani pamusnahan arsip. Kagiyatan iki wis diwiwiti udakara rong sasi kapungkur wiwit milahi arsip sing wis entek retensine utawa wektu masa simpene miturut Jadwal Retensi Arsip (JRA). Sabanjuri dipithati banjur digawekna daftar sing isine arsip usul musnah. Daftar iki ditintingi dening panitia kang mbiji arsip apa bener wis jumbuh karo JRA mau. Sakbubare panitia penilai iki mututusna yen arsip wis pantes utawa wayahe musnah banjur jaluk ijin marang Bupati. Yen kabeh urutan mau wis dilakoni banjur pamusnahan isa katindakake. Iku njlimete babagan pamusnahan arsip. Kok nganti renik kaya ngono iku kabeh nggo njagani aja nganti mengko malah kelangan bukt...