Postingan

Pahargyan Kupatan Ing Lamongan

Gambar
Ing sisih lor Lamongan saben seminggu sawise riyaya fitri ana Kupatan yaiku riyaya kupat jare wong Paciran, Sendang, Tunggul. Kupatan iki biyasane akeh kupat sing digawe cawisan panganan saben omah ning tlatah pantura. Kupat sing digawe bahane saka pupus blarak cematan utawa godhong rontal saka wit ental. Beda karo kupat sing ning kutha merga ing kutha sing digawe kupat saka pupus klapa.  Esuk iki Setu 28/3/26, Bupati Lamongan Mbuka pahargyan kupatan sing diadani ana ing Desa Tunggul Kapanewon Paciran. Ing adicara iki uka disediani gunungan kupat sing dadi royokan warga pantura Lamongan. Uga ana lelumban menu kupat lan rerenggan prau.  Jane tradhisi kupatan iki wis suwe nanging dadi pahargyan resmi ya mburi mburi iki merga disengkuyung Kundha Kabudhayan lan Pariwisata.  Ana sambutane mau Bupati Lamongan Yuhronur Efendi dedungo muga muga gunungan kupat iki isa dadi tandha syukur warga pantura Lamongan lan para among tani lan miyangan tan...

Podium Kawitan Kanggo Indonesia

Gambar
Veda Ega Pratama nggawe kaget jagading balapan pit motor Moto3 merga finish ana urutan telu. Iki dadi podium kawitan kanggo Veda uga kanggo Indonesia. Balapan sing diadani ana sirkuit Ayrton Senna Brazil iki nganti nggawe bungahe atine pandemen balapan Moto GP merga jeneng Indonesia asring disebut komentatore balapan. Veda kaya ora duwe jirih nrobos pembalab saka Eropa lan Amerika. Manuvere kayakaya wis pengalaman banget. Kendel tapi duwe peritungan manteb jare pengamat. Sing gumun maneh nalika munggah podium Veda ora melu pista omben malah ketok ngombe minuman soda biyasa. Iki muga muga dadi dalan liyane termasuk Mario Aji sing uga oleh poin ana Moto2 taun iki. Bravo pembalap Indonesia. Weuusssssssh.....

Bupati Lamongan Nyumbang Buku Lan Sambang Depo Arsip Lamongan

Gambar
Dina iki mau Selasa 3/2/26 Arpusda kaya ketiban ndaru merga Depo Arsipe didolani dening Bupati Lamongan, Yuhronur Efendi. Depo Arsip sing saiki wayah udan ngene iki mesthi ndadekna Bupati Lamongan kepikiran. Piye ora kepikiran wong Lamongan iku gampang kebanjiran. Mulakna sore iki mau panjenengane teka nang depo arsip sing mapan ana ngarepe GOR Lamongan saperlu niliki yen arsipe isih aman kabeh. Ora mung iku, sakdurunge nang depo jajaran pejabat Arpusda ngadhep nang ruang kerja bupati saperlu nglaporake indeks minat baca lan saweneh kagiyatan perpustakaan sing arep ditindakake mene yen wayah pekan literasi.  Tibake ya jumbuh karo kekarepane bupati yen perpus kudu aktif majukna minat baca lan uga menehi kaweruh yen maca buku iku akeh mumpangate.  Sabubare wawan rembug karo Kepala Dinas Arpusda tibake, Yuhronur Efendi krenteg pengin weruh kahanane depo arsip apa isih layak apa perlu ditingkatake maneh. Miturut pamawase arsiparis kudune lantain...

Musnahna Arsip Ora Oleh Sakkepenake

Gambar
Arsip iku barang penting sing kudu diramut kanthi setiti. Ora oleh grusa-grusu nalikane wiwit digawe nganti tekane arsip mau arep dimusnahna. Iku kabeh merga Arsip ngandhut kawruh sing usa mbuktikake kagiyatane organisasi. Tanggal 26 Februari 2026 dina Kemis wingi Kundha Perumahan lan Kawasan Permukiman Kabupaten Lamongan ngadani pamusnahan arsip. Kagiyatan iki wis diwiwiti udakara rong sasi kapungkur wiwit milahi arsip sing wis entek retensine utawa wektu masa simpene miturut Jadwal Retensi Arsip (JRA). Sabanjuri dipithati banjur digawekna daftar sing isine arsip usul musnah. Daftar iki ditintingi dening panitia kang mbiji arsip apa bener wis jumbuh karo JRA mau. Sakbubare panitia penilai iki mututusna yen arsip wis pantes utawa wayahe musnah banjur jaluk ijin marang Bupati. Yen kabeh urutan mau wis dilakoni banjur pamusnahan isa katindakake.  Iku njlimete babagan pamusnahan arsip. Kok nganti renik kaya ngono iku kabeh nggo njagani aja nganti mengko malah kelangan bukt...

Senajan Uyel-uyelan Tetep Seneng Numpak Trans Jatim

Gambar
Saiki warga Lamongan sisih lor wis sarwa kober lelungan. Ana urusan ning kutha kabupaten wis ora wegah merga saiki ana angkutan rupa bis sing disediakna Dinas Perhubungan Prov Jatim sing arane Bis Trans Jatim. Tarip bis sing murah 5000 rupiah kanggo umum lan 2500 kanggo pelajar lan mahasiswa. Adoh cedhak padha wae taripe wiwit terminal ASDP Paciran nganti tekan Terminal Lamongan. Merga murah iku mau, yen wayah akhir minggon ya rame, penumpang direwangi uyel-uyelan nganti ngadeg merga ora koman lungguhan. Jarene wong-wong iku mau, masiya ngadeg biyasane ya ora suwe merga mesthi ana sing mudun ana halte ngarepe. Aku dhewe ya tau ngalami ngadeg, pancen ya ora suwi mesthi oleh lungguh merga saka terminal lamongan mengko ing Sukodadi wis rada longgar. Arang kadhang kok bis Trans Jatim full wiwit Lamongan nganti Paciran ora ana sing mudhun blass. Pancen kudhu sabar saithik, mesthi mengko ana sing mudhun. Ngadeg sedela ya ora apa apa karo glantungan ana njero bis. Tapi...

Mengeti Dinane Pers Nasional

Gambar
Tanggal 9 Februari dipengeti ngadeke insan Pers Nasional. Pers minangga pilar kaping papat negara sing dadi pamawase kahanan.  Wis wiwit jaman biyen warga negara dhewe iki ana sing gilut ing dunyane pawartan. Salah sijine ya Sosro Kartono kakange Kartini sing wis dadi reporter kanggo kantor berita manca. Nalika iku piyambake dadi reporter Perang Dunia kasiji.  Uga zaman kolonial ana pawongan sing wis baut nulis warta ing layang kabar yaiku Tirto Adisuryo. Dina Pers Nasional iki katetepake dening presiden Suharto tahun 1985 kanggo mengeti adege Persatuan Wartawan Indonesia Tanggal 9 Februari taun 1946. Tema pengetan Dina Pers Nasional taun iki yaiku Pers Sehat, ekonomi berdaulat, lan Bangsa Kuat. Pancen yen pers sehat tegese ora ana cidra lan ancaman bebaya nalika nindakake pakaryan bisa dadi srana andum info marang sapadha-padha.  Mula yen wis ngene tamtu kabeh kabuka wawasane srana andharan saka warta kang kawaca. Kabeh ngerti kabutuhan info kanggo nyengkuyun...

Mahasiswa Magang Ngarsip ing Lamongan

Gambar
Akehe bocah enem saka pawiyatan luhur UIN Surabaya lagi baut magang ing Dinas Kearsipan lan Perpustakaan Daerah  Kabupaten Lamongan. Mahasiswa iku mau saka maneka warna jurusan, ana jurusan sejarah, lan bahasa. Kagiyatan iki suwene patang ulan wiwit ulan Pebruari taun 2026. Bocah lanang papat lan wadon loro iki pancen ngalaksanake magang merga saiki ing pawiyatan luhur ngewajibna yen wayah preinan ngene iki kudu magang ben ngerti kahanane kasunyatan kerja. Ing Arpusda kabeh mahasiswa iki diwenehi kaweruhan babagan ngolah arsip piye supaya dadi informasi sing duweni kagunaan marang wong akeh. Sawijining pakaryan sing diayahi yaiku nata foto, merinci lan nulis deskripsi. Foto sing wis dideskripsi mau banjir dialihmediaake dadi file digital lan disimpen ana komputer. Sakbanjure file digital mau diunggah ana website ing pranala jikn.go.id. Sakliyane iku para mahasiswa mau ya diwenehi pangerten jinising barang apa wae sing kalebu arsip merga ora kabeh dokumen isa dianggep ar...