Mengeti Dinane Pers Nasional

Tanggal 9 Februari dipengeti ngadeke insan Pers Nasional. Pers minangga pilar kaping papat negara sing dadi pamawase kahanan. 

Wis wiwit jaman biyen warga negara dhewe iki ana sing gilut ing dunyane pawartan. Salah sijine ya Sosro Kartono kakange Kartini sing wis dadi reporter kanggo kantor berita manca. Nalika iku piyambake dadi reporter Perang Dunia kasiji. 

Uga zaman kolonial ana pawongan sing wis baut nulis warta ing layang kabar yaiku Tirto Adisuryo. Dina Pers Nasional iki katetepake dening presiden Suharto tahun 1985 kanggo mengeti adege Persatuan Wartawan Indonesia Tanggal 9 Februari taun 1946.

Tema pengetan Dina Pers Nasional taun iki yaiku Pers Sehat, ekonomi berdaulat, lan Bangsa Kuat. Pancen yen pers sehat tegese ora ana cidra lan ancaman bebaya nalika nindakake pakaryan bisa dadi srana andum info marang sapadha-padha. 

Mula yen wis ngene tamtu kabeh kabuka wawasane srana andharan saka warta kang kawaca. Kabeh ngerti kabutuhan info kanggo nyengkuyung aktivitas ekonomine. Wusanane yen kabeh bisa obah negara mesthi ya dadi kuat merga rakyat lan pamerintahane saling oleh pepadhang jalaran informasi utawa warta sing diandum dening wartawan. 

Sugeng Mangayubagya kanggo kadang pers saindonesia. Mugi mugi pers tambah sehat jujur lan tansah mbela wong cilik. 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Ruwahan Lan Peresmian Galeri Sunan Sendang

AAI Jatim periode 2025-2028 Dikukuhna

Kospela Ngajak Ngendani Krisis Lingkungan Srana Lukisan