AAI Jatim periode 2025-2028 Dikukuhna

Esuk mau Kemis tanggal 29 Januari 2026 ana ing lantai telu  ruang  sapatemon Kudha Perpustakaan lan Kearsipan Provinsi Jatim diadani pangukuhan pangurus Asosiasi Arsiparis Indonesia Wilayah Jawa Timur. Pejabat pusat ora sing ngukuhna ora liya yaiku Ketua Umum PN AAI, Andi Kasman.
Adicara sing diayahi dening Tino Josetha sing dadi pranatacarane, katon regeng lan hikmat. Rasa hikmat krasa nalika Andi Kasman macakake Ikrar Arsiparis sing ditirokake kabeh pengurus anyar sing baris ana ngarep.
Sing dadi ketua AAI periode 2025-2028 yaiku Fery Tri Mudah, Arsiparis Muda saka Dispusip Jatim. Piyambake iki arsiparis teladan Nasional taun 2019 kepungkur. "AAI sokemben kudu luwih sigap golek peluang ben arsiparis bisa mandiri lan ora kalah karo profesi liyane," kandhane marang penulis.

Jumbuh karo pamawase Fery mau, ketua AAI sakdurunge, Tidor Arif, uga kandha yen arsiparis iku sing njaga kedhaulatane negara merga njaga dokumen legal sing bisa dadi buktine ananing nagara lan bangsa.

"AAI diadekna kanggo wadhah arsiparis supaya bisa sesambungan lan menehi bantuan marang anggotae  yen ana alangan sajerone ngayahi gaweyan," mengkono wedharane Ketua Umum Pengurus Nasional  AAI, Andi Kasman, sakdurunge resepsi pangukuhan diadani.

Kayake kabeh sing teka mau ya nyarujuki lan bareng keplok nalika krungu sambutan saka Andi Kasman. Salam Arsip lan Maju Terus AAI.


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Ruwahan Lan Peresmian Galeri Sunan Sendang

Kospela Ngajak Ngendani Krisis Lingkungan Srana Lukisan