Ruwahan Lan Peresmian Galeri Sunan Sendang
Wong jawa padatan nglakoni tradhisi ruwahan sing diadani ing sajerone ulan Ruwah utawa Sya'ban. Tradhisi iki biasane kenthel karo nyekar utawa kirim dunga amrih eling marang leluhur sing wis seda.
Awan bar bedug luhur Setu 31 Januari 2026 Ing Desa Sendang Duwur Kecamatan Paciran Kabupaten Lamongan ngadani pahargyan Ruwahan iki. Disengkuyung dening para kanoman lan sedaya wargane ruwahan iki ya dijangkepi karo pawai budhaya lan liya-liyane.
Adicara arak arakan budhaya kang ngandut tema sejarah islam iki diadani ana halaman masjid Agung Sendang Duwur sing panggone ora adoh karo pesarean Sunan Sendang Duwur. Peserta arak-arakan iki kabeh RT sing ana Desa Sendang Duwur.
Ing panggung utama ana hiburan musik religi saka Jedor Ronojoyo Sendang Duwur sing ndadekna adicara nambah regeng lan gayeng.
Desa sing kondhang dadi underaning Batik Lamongan iki pancen kenthel karo tradhisi kabudayan, antarane ana muludan uga kupatan. Diarani Sendang Duwur merga panggone ana bukit sing dhuwur ing wilayah Kecamatan Paciran. Biyen uga ana sendange sing banyune ora tahu asat lan nganti saiki uga ana sumur giling tinggalane Sunan Sendang sing ana wetane mesjid Sendang Duwur.
Ing pahargyan iki uga dibarengi karo diresmiknane Galeri Sunan Sendang dening Endah Hariyani Kepala Balai Pelestarian Kebudayaan wilayah 11 Jawa Timur. Galeri Sendang Duwur iki mapan sisih lore mesjid Sendang Duwur. Isine galeri artefak kayu-kayu ukiran sing wis tuwa umure. Nambah siji maneh museum ing Kabupaten Lamongan sing sakdurunge wis duwe museum Sunan Drajat saiki ketambahan Galeri Sendang Duwur.
Komentar
Posting Komentar