Podium Kawitan Kanggo Indonesia

Veda Ega Pratama nggawe kaget jagading balapan pit motor Moto3 merga finish ana urutan telu. Iki dadi podium kawitan kanggo Veda uga kanggo Indonesia.

Balapan sing diadani ana sirkuit Ayrton Senna Brazil iki nganti nggawe bungahe atine pandemen balapan Moto GP merga jeneng Indonesia asring disebut komentatore balapan. Veda kaya ora duwe jirih nrobos pembalab saka Eropa lan Amerika. Manuvere kayakaya wis pengalaman banget. Kendel tapi duwe peritungan manteb jare pengamat.

Sing gumun maneh nalika munggah podium Veda ora melu pista omben malah ketok ngombe minuman soda biyasa. Iki muga muga dadi dalan liyane termasuk Mario Aji sing uga oleh poin ana Moto2 taun iki. Bravo pembalap Indonesia. Weuusssssssh.....

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Ruwahan Lan Peresmian Galeri Sunan Sendang

AAI Jatim periode 2025-2028 Dikukuhna

Kospela Ngajak Ngendani Krisis Lingkungan Srana Lukisan