Senajan Uyel-uyelan Tetep Seneng Numpak Trans Jatim
Saiki warga Lamongan sisih lor wis sarwa kober lelungan. Ana urusan ning kutha kabupaten wis ora wegah merga saiki ana angkutan rupa bis sing disediakna Dinas Perhubungan Prov Jatim sing arane Bis Trans Jatim.
Tarip bis sing murah 5000 rupiah kanggo umum lan 2500 kanggo pelajar lan mahasiswa. Adoh cedhak padha wae taripe wiwit terminal ASDP Paciran nganti tekan Terminal Lamongan. Merga murah iku mau, yen wayah akhir minggon ya rame, penumpang direwangi uyel-uyelan nganti ngadeg merga ora koman lungguhan.
Jarene wong-wong iku mau, masiya ngadeg biyasane ya ora suwe merga mesthi ana sing mudun ana halte ngarepe. Aku dhewe ya tau ngalami ngadeg, pancen ya ora suwi mesthi oleh lungguh merga saka terminal lamongan mengko ing Sukodadi wis rada longgar. Arang kadhang kok bis Trans Jatim full wiwit Lamongan nganti Paciran ora ana sing mudhun blass.
Pancen kudhu sabar saithik, mesthi mengko ana sing mudhun. Ngadeg sedela ya ora apa apa karo glantungan ana njero bis. Tapi kanggo sing tuwa, lan wing lara piye? tenang .. wis ana kursi kusus kanggo penumpang prioritas, yaiku penumpang jinis sing tak sebutna mau.
Bis Trans Jatim uga ngowahi carane wong lelungan, sing biyasane angger nggon nyegat saiki ya kudhu nyegat ana halte sing wis ditentukna. Penumpang ora oleh munggah mudhun sakkarepe dhewe. Tur enake maneh, wektu berangkate wis kena dipestikna merga jam budhal wis tumata. Ayo numpak Trans Jatim wae. Murah lan nyaman, lho.
Komentar
Posting Komentar