Mahasiswa Magang Ngarsip ing Lamongan
Akehe bocah enem saka pawiyatan luhur UIN Surabaya lagi baut magang ing Dinas Kearsipan lan Perpustakaan Daerah Kabupaten Lamongan. Mahasiswa iku mau saka maneka warna jurusan, ana jurusan sejarah, lan bahasa. Kagiyatan iki suwene patang ulan wiwit ulan Pebruari taun 2026.
Bocah lanang papat lan wadon loro iki pancen ngalaksanake magang merga saiki ing pawiyatan luhur ngewajibna yen wayah preinan ngene iki kudu magang ben ngerti kahanane kasunyatan kerja.
Ing Arpusda kabeh mahasiswa iki diwenehi kaweruhan babagan ngolah arsip piye supaya dadi informasi sing duweni kagunaan marang wong akeh. Sawijining pakaryan sing diayahi yaiku nata foto, merinci lan nulis deskripsi. Foto sing wis dideskripsi mau banjir dialihmediaake dadi file digital lan disimpen ana komputer. Sakbanjure file digital mau diunggah ana website ing pranala jikn.go.id.
Sakliyane iku para mahasiswa mau ya diwenehi pangerten jinising barang apa wae sing kalebu arsip merga ora kabeh dokumen isa dianggep arsip.
"Arsip iku rekaman kegiatan saka maneka wujud lan medhiane sing jumbuh karo ngrembakane teknologi informasi," ngono kandhane sawijining arsiparis Arpusda.
"Arsip iku bukti otentik dadi kudu ati ati yen ngolah amrih trap panganggone," tambahe arsiparis mau.
Kandhane salah sijine mahasiswa mau tibake arsip iku penting kanggo bahan sejarah kususe babagan heuristik yaiku nalika ngumpulake sumber sejarah sing dadi panguate panulisan sejarah.
Kayake para muda pancen kudu dikenalna karo kearsipan ben negara iki ora kelangan sejarahe. Lha piye, mosok sinau sejarah mesthi nang negara Landa? hiyo apa gak?
Komentar
Posting Komentar