Basa Jawa meh Sirna
Basa jawa wis arang digawe karo warga ing desa desa. Saben omah sing takkrungoni mung basa indonesia. Yen tak rasakna, apa wong wong kae wis isin nggawe basa dhaerah, apa merga pingin dianggep dadi wong kutha.
Rumangsaku, wong kanoman kuwi ya asli wong jawa. Lair lan gedhe nik desa nanging ngapa kok njur nglirwaake basa jawa. Yen lagi ngudang anake ngomonge ya basa indonesia. Aku krungu kok wagu ning kuping. Becike pas ngudang anake lak ya nganggo basa jawa kareben anake nganggep yen basa ibune basa jawa. Nik kabeh wis ora nganggo basa jawa apa basa jawa wis ora kena dianggep basa ibu maneh.
Pancen miturut perkembangan zaman saiki basa nasional kudu bisa dadi srana kominikasi sing resmi. Nanging yen ning ngomah apa ya kudu basa indonesia. Lha ning desa tangga teparo ya sanake dhewe kok akeh sing latah yen ngomong katik nggawe basa indo barang.
Pancen prayogane yen nang omah kudu nganggo basa jawa. Masiya ngoko ya ora papa. Sakmlakune dina mengko ya ditambahi sinau unggah-ungguh basa amrih bisa nggawe basa krama. Sing ngene iki kudu kabeh melu nyengkuyung lan melok andarbeni basa jawa ben ora sirna.
Komentar
Posting Komentar