Gesaon Maca Yen Wegah Nulis

Aku yen nulis iki rog rog asem jare wong jawa. Kadhang ya nyrempeng kadhang yo mbeler. Yen lagi nyrempeng sakanane kahanan bisa dadi gurit, kadhang ya cerkak, kadhang ya esai jawa. tapi yen lagi mbeler maca wae wegahe poll.

Tapi yen mbeler, senajan wegah macaku tak peksa gayeng. carane, golek buku koleksiku sing nyenengna. Dhasarane bukuku akeh ya aku bisa milah milih sing takanggep nyenengke. Biyasane aku maca buku biografi utawa puisi sing taksenengi takbaleni maneh.

Biyasane sing takwaca, gurit karo puisi koleksi saka macem macem antologi sing wis nguncara. Bar ngono taktintingi baka siji bedhane sing iki karo sing kae. Banjur maca gancaran utawa prosa yen cerkak tak waca ngarep karo mburine. Kok rada aneh, tak waca jangkep wutuh. 

Yen novel tak buka asal angger wae, utamane pas buka tiba dialog-dialog, yen dialoge rada mranani tak waca narasi sakdurunge dialog lan sakwise dialog. Yen isih mranani tak waca jangkep wutuh seminggu entek biyasane. 

Sakbubare kabeh iku mau taklakoni ndilalah terus pating brubul karep gawe tulisan sing seje karo sing wis takwaca mau. Pas ngene iki biyasane dadi jladren uwakeh. Taksimpen ana note hape, yen wis rumangsa kudu mbaleni maca takwaca maneh. Tak apiki sing endi kurange lan tal owahi sing mbingungi yen diwaca. 

Lho, aku mau crita yen pas mbeler nulis kok dadi dawa ngene. Iki mau goleki Mat Klobot ning ora kepethuk. Pancen yen lagi judheg males lapo lapo aku biyasane ngejak cangkrukan Mat klobot. Eh itung itung gawe srana inspirasi. wkwkwwk. 

Lha yen awakmu piye?


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Ruwahan Lan Peresmian Galeri Sunan Sendang

AAI Jatim periode 2025-2028 Dikukuhna

Kospela Ngajak Ngendani Krisis Lingkungan Srana Lukisan