Nanggap Kentrung



Biyen nalikane aku isih cilik asring ana tanggapan kentrung ing desaku. Wujude seni kentrung kuwi mung si dhalang kentrung nyritakake crita jaman kawuri, Biyasane ing desaku Paciran, lamongan Jawa Timur sing dicritakna yaiku lakon sunan utawa walisongo yen ora ngono ya nyritakna sesepuh desa.

Alat musike sing digawe ngiringi kentrung biyasane rupa kendang utawa terbang, kendhang sing ana icik-icike. Sajerone nyritakna mau kendhang ditabuh kanthi irama sing runtut padha karo critane. Yen critane radak seru nabuhi ya melu nganclak.

Jenenge wae seje desa mawa crita, Seni kentrung ya bedha carane lan isine crita. Wulan wingi aku nggelok tanggapan ing halaman Griya Ndalem Sunan Drajat, kentrung saka Nglegok Blitar, critane crita panji sing dicritaake yaiku Dewi Sekardadu lan Panji Asmarabangun.

Crita panji rumaket ing sisih kidul Jawa, Blitar, kediri lan sakiringe. Mula kentrung Mbah sari krasa luwes nyritaake crita mau. Beda maneh yen kentrung Lamongan critane ora adoh saka crita sunan lan wali wali.

Bedhane maneh kentrung saka Blitar kuwi sing tampil ora mung wong siji nanging wong telu. Seje karo ing Lamongan kentrunge olehe mentas mung wong siji. Biyen Mbah Khusairi, seniman kentrung saka Solokura ya mentas dhewekan. Olehe mentas ya suwengi mruput mulai jam sanga nganti jam telu esuk.

Nalikane ana dhuwur panggung Mbah Khusairi macak dandanan kaya Sunan. Nggawa gamis lan sorban dadi cara elmu pertunjukan  ngono wis direngga tampilane. Amrih tontonane urip biyasane ana satengahe crita Mbah Khusairi moyoki penonton terus dadi saut-sautan omong. Yen ana sing digojloki biyasane kancane njur ngguyu kemekelen. Yen tak eling eling kok kaya seni lenong saka Betawi pas lagi kaya ngono kae.

Saiki, Senajan Mbah Khusairi wis seda, Lamongan ana peneruse, yaiku Ki Sarkadek, Saka Desa kemantren, Paciran Lamongan. Sawijining dina Sarkadek medharake kesenian kentrung asli utawa gagrak Lamonganan. Kentrung Lamongan tansah nyedhak karo sing nanggap kanthi cara nggawa crita sing ngandhut babad desa. Eh... ngono. 

Yen dirasa dadi tukang ngentrung ing Lamongan saya angel merga ngentrung ing Lamongan kudu duweni elmu bab panggonan sing lagi nanggap mau. Becike maneh seni kentrung kudu ajeg ana sing nanggap ben urip terus. Lha nik ora ana sing nanggap dhalange mangan apa?

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Ruwahan Lan Peresmian Galeri Sunan Sendang

AAI Jatim periode 2025-2028 Dikukuhna

Kospela Ngajak Ngendani Krisis Lingkungan Srana Lukisan