Presiden Anyar



Tanggal 20 Oktober 2024 kepungkur, presiden wis ganti anyar yaiku Prabowo Subiyanto lan wakile Gibran Rakabuming. Kaya padatan, yen Presiden anyar mesthi kabeh wong ngenteni owah-owahan apa sing arep diadani karo Pak Presiden.

Presiden Prabowo sing asale saka militer utawa tentara iki krasa bakal luwih teges nalika ngendalikna pamerintahan kabukti saka nindakake gladhen kabinet anyar ana ing komplek Akademi Militer Magelang. Jare iki dilakoni ben jiwa korsae para menterine tuwuh. Sakliyane iku, kanggo wong sipil, gladhen nang Akmil iki ben disipline saya nambah.

Muga muga pa sing dikarepake presiden jumbuh karo kekarepane masarakat Indonesia padha umume. Sasuwine sepuluh tahun dipimpin Presiden Jokowi kayake masarakat pengin Prabowo nggawa owah-owahan sing signifikan.

Babagan pendhidhikan, ekonomi lan pertahanan keamanan isih dadi isyu sing banget wigatine. Pendhidhikan sing saya larang muga muga ana era Prabowo iki bakal ana owah-owahan amrih luwih murah sahingga kabeh entuk kasempatan. 

Ing babagan ekonomi, apa apa sing sangsaya larang regane merga kisruh barang impor, isa diowahi karo Presiden Prabowo sing tansah njanjeni nalikane kampanye pengin duwi ekonomi sing berdikari ora patiya kagantung marang utang manca negara.

Yen nang babagan pertahanan yen ketoke bakal luwih nguncara merga Presiden anyar iki luwih nengenake nggawe peoduk alutsista dalam negeri. Muga-muga wae babagan telu iku mau jumbuh karo pangarep-arepe kita sedaya.

Eh, wusanane aja nganti keterbukaan informasi lan berpendapat sing wis apik kaya ngene, gingsir mung merga anti kritik jalaran presiden anyar iki saka tentara. Muga-muga wae.   

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Ruwahan Lan Peresmian Galeri Sunan Sendang

AAI Jatim periode 2025-2028 Dikukuhna

Kospela Ngajak Ngendani Krisis Lingkungan Srana Lukisan