Carane Ninthingi Swara Jejeg Lan Miring Ing Basa Jawa
Basa jawa yen diunikna akeh sing ora padha karo tulisan aksarane. Ana aksara sing nalika diunikna unine seje utawa bedha karo aksara tulise. Tuladhane swara 'i' sing ditulis ana tembung Pitik. Aksara 'i' sing mburi dunikna kaya swara 'e'. Iki sing diarani swara miring. Piye sing diarani 'i' jejeg? Tuladhane kaya swara 'i' sing katulis ana tembung 'Mili'.
Sakbenere babagan swara jejeg lan miring iki mung wong jawa sing bisa ngrasakna merga sakbindinane ngomong jawa. Kanggo sing ora wong jawa radak kangelan merga ora kulina krungu basa jawa. Wong sing ora bendina krungu basa jawa tuladhane wong Sunda mesthi kangelan ngunikna tembuk Pitik kaya dene wong jawa ngunekna tembung kuwi.
Ing basa jawa pancen rada angel tata tulise. Lha wong jawa dhewe kdhang kala isih akeh sing kleru. Pitik asring katulis PITEK, ning sejatine kuwi kleru. Apa ya asring katulis opo, padalan OPO kuwi kleru tata tulise merga yen diunikna aksara 'O' kaya muni O nang tembung SOTO.
Kudune wong sing arep nulis basa jawa ngulinakna maca tulisan basa jawa sing baku. Tulisan sing baku kaya sing kamot ana buku pelajaran basa jawa ing sekolah-sekolah. Isa uga maca ana medhia basa jawa kaya koran lan majalah basa jawa.Yen ora dikulinakna asile bakal kangelan yen arep nulis basa jawa.
Tata tulis ing basa jawa duwe paugeran dhewe sing wis dianggep resmi. Kahanan iki kudu dimangerteni para sutrisna basa jawa ben yen nulis basa jawa ora kleru maneh. Kudu gesaon maca basa jawa ben weruh endi tulisan tembung sing biyasane digawe caturan sakbendina. Akeh tulisan basa jawa sing kleru, kususe ing internet kaya ta ing youtube. Akeh tulisan lirik lagu jawa sing korat karit swara jejeg lan swara miringe.
Tulisan iki ora duwe ancas kok nyalahi kabeh sing nulis basa jawa, kususe kanggo sing lagi anyaran seneng nulis, nanging becike kudu melu paugeran sing wis disarujuki para wasis ing basa jawa.Yen dinjar-njarna kleru sing wis dadi padatan mengko malah dadi bubrah kabeh tata tulise. Campur bawur karo tulisan basa indonesia. Saora-orane yen ditinthingi saka kawitan basa jawa isa duwe kaunikan sing isa dadi tetenger karo basa liyane senajan tulisane pada saka aksara latine. Nuwun.

Komentar
Posting Komentar