Sastra Jawa Isih Ana


Dunyane sastra jawa saiki tansah ngrembaka. Akeh kempalan utawa komunitas sastra jawa sing lagi gumregah. Ana ing medhia sosial saiki akeh ketok grup grup sastra jawa. Iki mratandani yen sastra jawa isih ana.

Mburi-mburi iki ing ulan Oktober komunitas Sastra Jawa Triwida ngadani sayembara sastra jawa sing pesertae ya ora saithik. Jumbuh karo sing biyasa dilakoni saben taun saka jawa kulon yaiku Yayasan Rancage ya menehi pangalembana marang para sastrawan jawa. 

Ana maneh sing ora bisa dilirwakake yaiku kalawarti basa jawa sing tansah setya nampa seratan saka para kadhang sutresna sastra jawa. Majalah Panyebar semangat, Djaka lodhang, lan Jaya Baya uga dadi ajang adu keprigelan para sutresna sastra jawa ing babagan tulis tinulis. Sakliyane telu majalah mau uga ana majalah-majalah sing diadani karo dinas dinas kabudhayaan ing Jawa Timur, Jawa Tengah lan Yogyakarta. 

Gunggunge maneh ana kalawarti basa jawa sing modhele kaya majalah Horison. Majalah sing nengenake isine kusus Sastra Jawa. Kahanan iki kudune mesthi digunakna lan dimanfaatna para sastrawan lan pandhemen sastra jawa. 

Yen takwaca saiki akeh jeneng anyar sing asring kapacak ana ing kalawarti mau. Akeh para wiranom sing kuliyah ing sastra jawa saiki ya seneng neulis sastra jawa. Jujur wae kanggoku saingane saya nambah jumlahe, tapi iki sing marakake kualitas sastra jawa saya dhuwur. Nulis ora angger nulis merga kudu bisa mangaribawani redhaksi medhia mau. 

Sastrawan sing wis tuwa ya padha ningkatake kualitas tulisane. Nulis ora bisa mung kanggo klangenan blaka. Isi lan carane nulis kudu bisa melu owahing zaman saiki. Iki kabeh merga pamaca sastra jawa ya pengin maca sastra sing ora mung rupa tulusan tanpa isi. Tapi piye wae anane tulisan sastra kususe sastra jawa kanggoku tetep bisa dadi tetenger yen sastra jawa isih ana.



Komentar

Postingan populer dari blog ini

Ruwahan Lan Peresmian Galeri Sunan Sendang

AAI Jatim periode 2025-2028 Dikukuhna

Kospela Ngajak Ngendani Krisis Lingkungan Srana Lukisan