Gula Jawa Apa Gula Abang
Aku rada penasaran kenek apa gula abang saka Cematan utawa wit ental iku diarani gula jawa. Pancen nang ndesaku gula abang iku nyebute ya gula jawa.
Jare Mat Klobot, sing tau dolan nang Bawean tibake ning kana ya ana gula abang. Tapi wong kana ning ngarani ora gula jawa.
Aku kok njur mikir dhewe kenek apa kok ning kene ya ning jawa iki gula iku mau sinebut gula jawa. Apa merga wernane kaya werna kulite wong jawa.
Karuwan sing gula pasir diarani ngono merga wujude kaya wedhi utawa pasir. Maneh, gula pasir ya digawe teka tebu sing ditandhur ana ing jawa. Tur ya pabrike ya ana ing tlatah jawa nanging kenek apa kok ora diarani gula jawa.
Apa merga gula jawa iku digawe kanti cara tradhisional dadi diarani gula jawa. Jawa lak asring dianggep ndesa lan ora modhern dadine gula abang saka wit ental kuwi mau diarani gula jawa.
Kadhangkala aku ya duwe angen-angen lho Koes Plus kok hya nyebut gula jawa ana syair lagune. Apa pamaos ora kelingan tembang iki, Gula jawa rasane legi,..... lha kok Koes Plus ora nyebut gula abang ngono. Apa merga Koes Plus saka Tuban. Pancen sakngertiku sing ngarani gula abang iku Gula Jawa ya wong Tuban, Lamongan, Gresik..kususe sing sisih lor cedhak segara.
Komentar
Posting Komentar