Urip Ora Mung Ngena ngene
Senajan urip iku mung ngena ngene
jare sing nglakoni, nanging jare sing nyawang uripmu iku kebak beja, penak, lan prasaja. Ngandel apa ora?
Urip pancen mung sawang-sinawang. Kanggo sing nglakoni, uripe kaya dirasakna ora kepenak lan sarwa kurang. Sejatine, yen wong urip iku eling, wong liya akeh sing kepingin uripe kaya dheweke. Kaya kaya, ning pamawase wong liya uripe dhewe iki kebak beja.
Mula, sing apik iku ngakehna sukur marang gusti. Sakbenere rahmat sing kita sedaya tampa iki wis luwih luwih nanging napsu sing kemrungsung marakake lali ning ati. Wis sehat lan sarwa cukup, ndadak nggladrah pingin rena-rena.
Ati sing kemrungsung iku pancen sering nyasarake pawongan sing atine ngrasa saya kakurangan. Apa sing wis didiweni kaya ora ana ajine. Melik karo tangga teparo sing asline ora cocog karo uripe.
Ati sing sirik, rusuh lan meri karo liyane kaya ngombe banyu segara. Ora ilang ngoronge malah tambah ngaru ara. Ayo ngakehna sukur marang gusti nen urip prasaja.
Komentar
Posting Komentar