Ora Usah Isin Ngomong Jawa

 


Basa Jawa taksih pigunaaken ing sindenging bebrayan nganthi tekan seprene. khususipun wonten ing tlatah Jawa wetan, Jawa Tengah, lan Ngayogyakarta.  Iki amarga panggunae sing ana telong laladan mau  tansah satya migunaake basa jawa dados pengantar resmi senajan jejeran karo basa Indonesia.

Negesi asiling Kongres Bahasa Jawa (KBJ) VII sing diadani tanggal 28-30 November kala wingi, miturut, Prof. Dr. George Quinn saka Australia National University (ANU), Basa Jawa bisa mati yen kabeh pawongan sing sakbendinane nggawe basa jawa ana sesrawungan  malah asring migunaake Basa Indonesia.  Iki nyebabake wong manca wis rumangsa ora perlu nyinauni Basa Jawa maneh merga wis cukup sinau Basa Indonesia bisa dienggo komunikasi ana negara Indonesia merga kabeh wong jawa bisa nggunaake Basa Indonesia.

Apa sing dikandhaake George Quin mau isa dadi pepeling kita sedaya, yen kita duwe pangajab saged nglindhungi, ngembangna, lan mbina Basa Jawa kudune basa jawa aja nganthi kageser dening basa Indonesia kanthi cara asring migunaake ana sesrawungan kususe ana ing kaluwarga lan tangga teparo sing miligi suku asale saka Jawa.

Wis akeh  keprungu ana sawenehing kaluwarga Jawa yen sakbendinane migunaake basa Indonesia nalika komunikasi ana kulawargane. Sing kaya ngene iki disebababake amarga rumangsa ndesa yen nganggo basa Jawa apa ben ketok ngutha yen nganggo Basa Indonesia iki isih dadi bahan panaliten.

Pancen ora salah yen nganggo basa Indonesia ana urip bebrayan ngene iki. nanging yen ana jero omah prayogane ya basa jawa ae ben ora cures tembene. Basa ibu kan pancen basa ing jero omah sing dikenal bocah kawit cilik. lha yen kawit cilik wis krungu basa Indonesia ning jero omah mangka basa ibune dudu basa jawa maneh. Kan ya aneh wong jawa kok basa ibune basa Indonesia.

Minangka basa  resmi pancen basa Indonesia sing kudune digawe sesrawungan ana masarakat umume. la nana kantor pemerintah lan sekolahan. kan kudune ya ngono kuwi merga  basa Indonesia iku basa persatuan. Kan bangsane dhewe iki saka maneka warna suku bangsa.

Coba saiki deloken kepriye pelajaran basa jawa ing sekolahan, akeh bocah-bocah sing  wis padha kangelan ngerteni senajan basa sing digawe basa padinan.  Basa ngoko blaka ya wis krasa asing kanggone bocah-bocah kuwi ngene iki merga nang omah sing dirunggokna basa Indonesia. Nek wis ngene iki njur kepriye?

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Ruwahan Lan Peresmian Galeri Sunan Sendang

AAI Jatim periode 2025-2028 Dikukuhna

Kospela Ngajak Ngendani Krisis Lingkungan Srana Lukisan