Postingan

Ruwahan Lan Peresmian Galeri Sunan Sendang

Gambar
Wong jawa padatan nglakoni tradhisi ruwahan sing diadani ing sajerone ulan Ruwah utawa Sya'ban. Tradhisi iki biasane kenthel karo nyekar utawa kirim dunga amrih  eling marang leluhur sing wis seda. ‎ ‎Awan bar bedug luhur Setu 31 Januari 2026 Ing Desa Sendang Duwur Kecamatan Paciran Kabupaten Lamongan ngadani pahargyan Ruwahan iki. Disengkuyung dening para kanoman lan sedaya wargane ruwahan iki ya dijangkepi karo pawai budhaya lan liya-liyane. ‎ ‎Adicara arak arakan budhaya kang ngandut tema sejarah islam  iki diadani ana halaman masjid Agung Sendang Duwur sing panggone ora adoh karo pesarean Sunan Sendang Duwur. Peserta arak-arakan iki kabeh RT sing ana Desa Sendang Duwur. ‎ ‎Ing panggung utama ana hiburan musik religi  saka Jedor Ronojoyo Sendang Duwur sing ndadekna adicara nambah regeng lan gayeng. ‎ ‎Desa sing kondhang dadi underaning Batik Lamongan iki pancen kenthel karo tradhisi kabudayan, antarane ana...

AAI Jatim periode 2025-2028 Dikukuhna

Gambar
Esuk mau Kemis tanggal 29 Januari 2026 ana ing lantai telu  ruang  sapatemon Kudha Perpustakaan lan Kearsipan Provinsi Jatim diadani pangukuhan pangurus Asosiasi Arsiparis Indonesia Wilayah Jawa Timur. Pejabat pusat ora sing ngukuhna ora liya yaiku Ketua Umum PN AAI, Andi Kasman. Adicara sing diayahi dening Tino Josetha sing dadi pranatacarane, katon regeng lan hikmat. Rasa hikmat krasa nalika Andi Kasman macakake Ikrar Arsiparis sing ditirokake kabeh pengurus anyar sing baris ana ngarep. Sing dadi ketua AAI periode 2025-2028 yaiku Fery Tri Mudah, Arsiparis Muda saka Dispusip Jatim. Piyambake iki arsiparis teladan Nasional taun 2019 kepungkur. "AAI sokemben kudu luwih sigap golek peluang ben arsiparis bisa mandiri lan ora kalah karo profesi liyane," kandhane marang penulis. Jumbuh karo pamawase Fery mau, ketua AAI sakdurunge, Tidor Arif, uga kandha yen arsiparis iku sing njaga kedhaulatane negara merga njaga dokumen legal sing bisa dadi buk...

Kenek Apa Kudu Ngoko

Gambar
Ngomong ngoko iku kerep digunakna marang sapadha-padha sing wis akrab nemeni utawa wong saumuran. Kudune ya aja diselaki basa ngoko iku kareben ora ilang lan keliwar sajeroni rembugane wong jawa. Senajan ora nganggo basa krama, nanging yen nggunakna basa jawa ngono sitik akeh mengko duwe rumangsa. "Kok aku ngoko karo wong iki," biasane nik atine para maos mesthi krenteg omongan ngono kuwi. Iku merga basa jawa ngandhut rasa. Yen wis ngono tembene mesthi bakal gesaon golek tembung krama. Sitik sitik mengko mesthi lancar yen wis akeh tembung kramane sing diweruhi. Ya, ayo kulina ngoko ning omah. Aja sok nganggo basa nasional merga basa nasional mesti kanggo yen saweneh pawongan ana nggon acara resmi pamerintahan. Ing sekolahan uga nganggo basa nasional apa maneh yen pas lelungan sing dherahe saka macem macem suku ora mung suka jawa.

Ngawiti Taun 2026

Gambar
Saiki wis mlebu tanggal siji taun 2026 mesthine ning ati krasa kaya ana sing dianyari. Ning endi endi, mabengi, akeh sing ngrayakna ganti taun, kelawan ngadani acara rena -rena. Ana sing nyanyi, diskusi, lan mung jagongan sakkancane. Kudune, kabeh ya mesthi duweni kekarepan apa sing mengko bakal diwujudake ana taun 2026. Nanging, prayogane ya ngeling-ngeling apa ae sing durung kalaksanan kanti purna ana taun wingi. Aja nganti merga nuruti kekarepan anyar malah penggaweyan sing durung tuntas dadi klendran ora ngalor ora ngidul. Ngawekani kahanan sing saiki rada angel lan akeh owah-owahan ati aja kemrungsung nanging kudu waspada apa wae sing kudu disiapna ngadepi sing kaya ngene iki. Dhuwit saya angel dicekel, ekonomi ora isa dipastekna tur kadang ya akeh aturan anyar sing sok marahi gugup nglakoni. Nginiki yen ora diadepi karo sabar lan luwes isa-isa awak dewe malah kebulet kahanan. Saiki sithik-sithik dicubriya karo pamerintah yen masarakat duwe krenteg sing seje karo kebij...

Kospela Ngajak Ngendani Krisis Lingkungan Srana Lukisan

Gambar
Pirang-pirang pelukis sing kagabung ing  Komunitas Pelukis Lamongan (Kospela) ngadani Pameran lukisan knthi tema  “ Ekologis Lamongan Megilan”. Pameran sing manggon ana Gedhung Korpri Lamongan iki uga ngundang pelukis saka njaba Lamongan sing antarane, I Ketut Gede Susila Widiastra saka Bali, Harun Saka Malang, Supriyanto saka Sidoarja,  Totok Koi saka Semarang, Muchlis Zahidy Tuban, Oches Sumatri saka Madura lan Joko Priono Jombang.  Pameran sing diadani wiwit tanggal 21 nganti tekan tanggal 27 januari 2026 iki  uga diisi adicara liya-liyane yaiku, lelumban lukis tingkat SD-SMP,Sarasehan lan nglukis on the spot , lan diskusi ngenani Senirupa Ekologis Lamongan.  Salah siji pelukis sing duwe ciri khas nganggo teknik drawing utawa gambar poltlot, Kris Dologh, majang gambare sing nrenyuhake ati  kanthi gambar alas sing gundul kebak oyot wit sing ketugel lan pang-pang pating gletak kaya wis ora ana panguripan maneh. Sing marahi seneng, Salah si...

Nlisik Mabur Saka Swarga

Gambar
Maca antologi geguritan anggitane Mas Gampang Prawoto krasa kaya ngrungokna wong nyemoni liyan. Sakanane kahanan dadi isine gurit kang rinakit kanthi tembung-tembung sing krasa nylekit ing batose pamaose. .... nyawang dhuwur..ngranggeh dhuwur... ngranggeh dhuwur...nyawang dhuwur... ati ati lamun tiba aja nyalahke andha (Tiba Nyalahke Andha, hal 27) Ana baris gurit tiba nyalahke andha pamaos ngrasakake kaya dilulu karo narator sajerone gurit. Kanggo wong jawa salah sing dibalekake marang wong sing salah krasa kaya dene gaman sing dienggo ngiris awake dhewe. Pasemon sing ngene iki kerep dilakoni wong kang wasis ngadhepi kahanan. Mabur Saka Swarga, ngamot satus nemlikur gurit maneka warna temane. Nanging kabeh gurit sing ana buku iki yen dithinthingi kanthi premati, kasil saka pamawase Gampang marang saindhenging kahanan wiwit saka esuk nganti tekan wengi lan wiwit saka sawah nganti pawone ngomah. Kadhang kala, Gampang yen gawe Geguritan dadi  tanggapan teks kang medharake...

Carane Ninthingi Swara Jejeg Lan Miring Ing Basa Jawa

Gambar
Basa jawa yen diunikna akeh sing ora padha karo tulisan aksarane. Ana aksara sing nalika diunikna unine seje utawa bedha karo aksara tulise. Tuladhane swara 'i' sing ditulis ana tembung Pitik. Aksara 'i' sing mburi dunikna kaya swara 'e'. Iki sing diarani swara miring. Piye sing diarani 'i' jejeg? Tuladhane kaya swara 'i' sing katulis ana tembung 'Mili'. Sakbenere babagan swara jejeg lan miring iki  mung wong jawa sing bisa ngrasakna merga sakbindinane ngomong jawa. Kanggo sing ora wong jawa radak kangelan merga ora kulina krungu basa jawa. Wong sing ora bendina krungu basa jawa tuladhane wong Sunda mesthi kangelan ngunikna tembuk Pitik kaya dene wong jawa ngunekna tembung kuwi. Ing basa jawa pancen rada angel tata tulise. Lha wong jawa dhewe kdhang kala isih akeh sing kleru. Pitik asring katulis PITEK, ning sejatine kuwi kleru. Apa ya asring katulis opo, padalan OPO kuwi kleru tata tulise merga yen diunikna aksara 'O' kaya muni O...