Kenek Apa Kudu Ngoko
Ngomong ngoko iku kerep digunakna marang sapadha-padha sing wis akrab nemeni utawa wong saumuran. Kudune ya aja diselaki basa ngoko iku kareben ora ilang lan keliwar sajeroni rembugane wong jawa.
Senajan ora nganggo basa krama, nanging yen nggunakna basa jawa ngono sitik akeh mengko duwe rumangsa. "Kok aku ngoko karo wong iki," biasane nik atine para maos mesthi krenteg omongan ngono kuwi. Iku merga basa jawa ngandhut rasa.
Yen wis ngono tembene mesthi bakal gesaon golek tembung krama. Sitik sitik mengko mesthi lancar yen wis akeh tembung kramane sing diweruhi. Ya, ayo kulina ngoko ning omah. Aja sok nganggo basa nasional merga basa nasional mesti kanggo yen saweneh pawongan ana nggon acara resmi pamerintahan. Ing sekolahan uga nganggo basa nasional apa maneh yen pas lelungan sing dherahe saka macem macem suku ora mung suka jawa.
Komentar
Posting Komentar