Nlisik Mabur Saka Swarga

Maca antologi geguritan anggitane Mas Gampang Prawoto krasa kaya ngrungokna wong nyemoni liyan. Sakanane kahanan dadi isine gurit kang rinakit kanthi tembung-tembung sing krasa nylekit ing batose pamaose.
....
nyawang dhuwur..ngranggeh dhuwur...
ngranggeh dhuwur...nyawang dhuwur...
ati ati
lamun tiba aja nyalahke andha
(Tiba Nyalahke Andha, hal 27)
Ana baris gurit tiba nyalahke andha pamaos ngrasakake kaya dilulu karo narator sajerone gurit. Kanggo wong jawa salah sing dibalekake marang wong sing salah krasa kaya dene gaman sing dienggo ngiris awake dhewe. Pasemon sing ngene iki kerep dilakoni wong kang wasis ngadhepi kahanan.

Mabur Saka Swarga, ngamot satus nemlikur gurit maneka warna temane. Nanging kabeh gurit sing ana buku iki yen dithinthingi kanthi premati, kasil saka pamawase Gampang marang saindhenging kahanan wiwit saka esuk nganti tekan wengi lan wiwit saka sawah nganti pawone ngomah.

Kadhang kala, Gampang yen gawe Geguritan dadi  tanggapan teks kang medharake tembung-tembung padinan sing kalirwakake jarwa sastrane. 

Kula ming saderma
titah sawantah
jejer abdi
kawula
( Sumarah, hal 105)
Iki dadi salah sijine, kaluwihane Gampang nalika nggawe gurit.

Mabur Saka Swarga wis cetha dadi pangilinge ana urip bebrayan. Kita mung  kaya dene tegesan sing wis kabuwang saka tangan. Mas Gampang malah gawe bebasan sing nges ana baris Mabur Saka Swarga, 
.....
aku lan kowe 
ming salembar godhong garing
sisane uler

Uler kang mabur saka swargaloka
ngambah bumi kanyatan
nandur hawa
ngrabuk angkara
ngunu luhuring budhi
.......
Sugeng maos!



Komentar

Postingan populer dari blog ini

Ruwahan Lan Peresmian Galeri Sunan Sendang

AAI Jatim periode 2025-2028 Dikukuhna

Kospela Ngajak Ngendani Krisis Lingkungan Srana Lukisan