Ngawiti Taun 2026

Saiki wis mlebu tanggal siji taun 2026 mesthine ning ati krasa kaya ana sing dianyari. Ning endi endi, mabengi, akeh sing ngrayakna ganti taun, kelawan ngadani acara rena -rena. Ana sing nyanyi, diskusi, lan mung jagongan sakkancane.

Kudune, kabeh ya mesthi duweni kekarepan apa sing mengko bakal diwujudake ana taun 2026. Nanging, prayogane ya ngeling-ngeling apa ae sing durung kalaksanan kanti purna ana taun wingi. Aja nganti merga nuruti kekarepan anyar malah penggaweyan sing durung tuntas dadi klendran ora ngalor ora ngidul.

Ngawekani kahanan sing saiki rada angel lan akeh owah-owahan ati aja kemrungsung nanging kudu waspada apa wae sing kudu disiapna ngadepi sing kaya ngene iki. Dhuwit saya angel dicekel, ekonomi ora isa dipastekna tur kadang ya akeh aturan anyar sing sok marahi gugup nglakoni. Nginiki yen ora diadepi karo sabar lan luwes isa-isa awak dewe malah kebulet kahanan.

Saiki sithik-sithik dicubriya karo pamerintah yen masarakat duwe krenteg sing seje karo kebijakan pamerintah. Padal sing ngono kuwi ya ora mesthi nggembosi pamerintah, ning keneng apa kok saiki pamerintah kaya gedhe rasa uwase. Ngene iki njur kelingan nalika jaman orde baru wae.

Ana maneh sing perlu diwigati sajerone taun 2026 yaiku owah gingsire iklim lan cuaca sing ora pasti. Saliyane uga merga bumine sing wis owah kahanan iki ya merga solah bawane menungsa sing lali ngramut lingkungane. Alas padha susut malih dadi kebon. Wit-witan gedhe akeh sing ilang sing tembene ndadekna banjir bandhang lan lemah jugrug kaya kedaden kacilakan ing Aceh lan Sumatera sisih Lor.

Mugi-mugi apa alangan lan apes sing ana ing taun 2025 ora kedaden maneh ana ing taun 2026 iki. Kabeh lak hya kudu urip prasojo ta? Ayo pada mikir lan ngakehna sesrawungan ben Indonesia tetep nyawiji lan kuwat ngadepi pacoban. 


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Ruwahan Lan Peresmian Galeri Sunan Sendang

AAI Jatim periode 2025-2028 Dikukuhna

Kospela Ngajak Ngendani Krisis Lingkungan Srana Lukisan