Kospela Ngajak Ngendani Krisis Lingkungan Srana Lukisan
Pirang-pirang pelukis sing kagabung ing Komunitas Pelukis Lamongan (Kospela) ngadani Pameran lukisan knthi tema “ Ekologis Lamongan Megilan”. Pameran sing manggon ana Gedhung Korpri Lamongan iki uga ngundang pelukis saka njaba Lamongan sing antarane, I Ketut Gede Susila Widiastra saka Bali, Harun Saka Malang, Supriyanto saka Sidoarja, Totok Koi saka Semarang, Muchlis Zahidy Tuban, Oches Sumatri saka Madura lan Joko Priono Jombang.
Pameran sing diadani wiwit tanggal 21 nganti tekan tanggal 27 januari 2026 iki uga diisi adicara liya-liyane yaiku, lelumban lukis tingkat SD-SMP,Sarasehan lan nglukis on the spot , lan diskusi ngenani Senirupa Ekologis Lamongan.
Salah siji pelukis sing duwe ciri khas nganggo teknik drawing utawa gambar poltlot, Kris Dologh, majang gambare sing nrenyuhake ati kanthi gambar alas sing gundul kebak oyot wit sing ketugel lan pang-pang pating gletak kaya wis ora ana panguripan maneh.
Sing marahi seneng, Salah siji pelukis sing melu majang lukisan ana pameran iki yaiku Kepala Dinas Kearsipan dan Perpustakaan Daerah Kabupaten Lamongan, Umurona. “Nek ana salah siji pejabat sing melu ngene apik kanggo ngrembakane dunya seni rupa ing Lamongan,” Kandhane salah siji pengunjung saka Tuban sing gakgelem ditulis jenenge.
Kandhane Ketua panitia, Husni Tamrin, Lukisan sing dipajang ana pameran pangajabe ben nggugah lan ngelingake dene manungsa iku kudu srawung karo lingkungan ben urip tansah imbang lan harmonis ora ana sing nungkuli siji lan sijine. “Kita mung melu udhu senajan namung saklungsu ben padha gumregah nyawang kahanan sing kabetheng krisis ekologis,” tambahe.
Jumbuh karo kandhane Husni, Ketua Kospela, Jumartono ngomong yen basa rupa iku luwih nggugah imajinasine manungsa. Kanggo ngelingake bebaya bencana alam saka rusake lingkungan mawa gambar sing dipajang pengungjunge pameran isa ngudarasa nganti ora kinira.
Sakliyane iku, panitia uga mbukak stan kanggo pengunjung sing duwe kesenengan nglukis isa tuku saperangan alat nglukis, mulai cet lan kanvas ing panggonan pameran lukisan iki.
Megilan. Jos Max Agus
BalasHapus